Sejarah Boso Jowo

Dhek jaman ja majuja, tiyang Jawi sampun nggadhahi basa piyambak ingkang dipunwastani basa Jawi kangge cecaturan ing antarane tiyang Jawi. Jaman sangsaya majeng, kaduginan tiyang Indhu, mawi mbekta agama, lan basa.
Tiyang Jawi sami ngrasuk agama Indhu, lajeng kangge wicantenan wonten tembung-tembung Sanskerta ingkang dipunpendhet kangge wicantenan, nyerat buku lsp. Jaman sangsaya majeng, wonten tembung ingkang ical (boten kangge ing padintenan) lan wonten tembung enggal. Dangu-dangu tiyang Jawi boten ngertos tembung ingkang kangge mbah-mbahipun rumiyin.
Lajeng kadhatengan tiyang Arab, mbekta agami sarta basa.
Basa Arab lajeng kathah ingkang mlebet dhateng basa Jawi. Nanging tembung manca ("asing") boten ngowahi paramasastra Jawi kejawi namung nambahi kosa katanipun.
Jaman Pajang akhir lan Mataram awal, thukul basa krama. Tiyang-tiyang sami grengseng pados kramanipun tembung. Mila lajeng wonten tembung ngoko, lan krama.

Tuladha : jaran.
Jaman saderengipun ingkang kangge ing padintenan : KUDA,
 kuda wonten ingkang alasan(liar) lan wonten ingkang sampun dipun ajari.
Dangu-dangu "KUDA AJARAN' dados JARAN.
Tiyang Portugis ning jawa numpak KAPAL. Jaran ingkang dados tumpakane tiyang Jawi dados tembung NGOKO, KAPAL/TURANGGA dados krama, KUDA dados KAWI.


Ampun dipunkinten basa krama jaman samanten kados basa krama jaman samangke. Kados upaminipun : tembung ngoko cacahe samanten, tembung krama cacahipun samanten, tembung krama inggil cacahipun samanten.

Basa krama dipun wiwiti saking jaman Keraton Pajang, lajeng dipun sampurnak'aken ing jaman Mataram.

Perlu ugi dipunmangertosi bilih wujud susunan masyarakat menika wonten :
1. Raja, ratu.
2. Kadang sentana, sedherek ratu, inggkang manggen ing sajawining kraton, kados bupati, adipati lsp.
3. Abdi dalem
4. Kawula.
Ingkang saben dinten srawung kaliyan ratu menika para abdi dalem. Temtunipun para abdi dalem anggenipun matur dhateng ratu inggih ngangge tembung-tembung ingkang pinilih, boten kados wicantenan kaliyan kancanipun. Pramila lajeng wonten tembung ingkang mligi kangge ratu.
Ing sajawining menika para kawula namung tiru-tiru wicantenanipun para abdi dalem. Kanggenipun para kawula inggih nggadhahi piyambak basa ingkang kangge ing peken, ing sabin, ing papan-papan sanesipun, lajeng thukul basa Madya. Basa Madya wonten kramanipun pramila wonten basa :
1. Madya ngoko.
2. Madyantara
3. Madya krama.
Wonten ing padesan, pagunungan inggih nggadhahi basa ingkang saya dangu inggih beda kaliyan tembung ingkang kangge ing praja.
 Ugi wonten kramanipun : namanipun Krama nDesa.
Ing kraton sakiwa tengenipun wonten basa :
1. Ngoko : Basa Ngoko dipun perang dados 2 : 1. Ngoko Lugu, 2. Ngoko Andhap.
Ngoko andhap dipun perang malih : 1. Basa Antya lan Antya Basa.
2. Krama : Basa Krama dipunperang dados 3 : Mudhakrama, Kramantara, Wredhakrama.
Ing sanesipun menika wonten ingkang nggadhahi pamanggih wontenipun basa Krama Inggil.
Wontenipun perang-perangan basa kalawau sampun jamanipun Surakarta akhir.



No comments:

Post a Comment