Syarat Pernikahan

Syarate wong bebrayan mono kudu nduweni 5 perangan kang kudu padha lan 1 perangan kang kudu bedha.

5 perangan kang kudu padha yaiku:

1.Padha Manungsane (manungsa kudu kawin karo manungsa, ora kena kawin karo kewan).

2.Padha Uripe (wong urip ora kena kawin karo wong mati. Padha2 wong mati yo ora iso kawin. Sing iso kawin, urip padha urip).

3.Padha Agamane (nek agamane ora padha, ora sah nikahe).

4.Padha Trisnane (padha senenge, padha cintane)

5.Padha Nalare (padha2 nduweni akal, ora edan, uga ora kena nikah karo bayi / bocah cilik sing akale durung nalar).

1 perangan kang kudu bedha yaiku kudu bedha jenis kelamine (wong lanang ora entuk kawin karo wong lanang, wong wadon uga ora entuk kawin karo wong wadon)

No comments:

Post a Comment